Contoh Pidato Bahasa Jawa


Kalau kemaren-kemaren ane udah share contoh pidato dengan Bahasa Inggris, kali ini ane mau share lagi contoh pidato tetapi dengan menggunakan Bahasa Jawa. Monggo disemak :



Pengetan Kamardikan RI


      Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak/Ibu, saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati. Saderengipun mangga kita sareng ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung inggih punika Gusti Allah SWT. Amargi kanthi linuberan rahmat saha hidayanipun kita sedaya saged pinanggihan wonten wekdal ingkang sae menika kagem mengeti dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 65.
Para Rawuh ingkang minulyo, kita sedaya sampun mangertosi menawi Nagari Indonesia punika sampun saged sejajar utawi sami kaliyan Nagari maju sanesipun. Kathah sampun penghargaan utawi predikat ingkang dipun sandhang kaliyan Indonesia wonten tingkat Internasional. Ananging punapa saged Indonesia moncer kados sakmenika menawi mboten wonten pahlawan bangsa wonten warsa 1945? Menawi kados menika kita kedah instropeksi diri saha kedah nggadhah pambegan menapa ingkang sampun kita aturaken dhumateng bangsa kita.
Bapak/Ibu saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati, wonten wekdal menika, wulan Agustus 2010, Indonesia sampun ganep yuswanipun ingkang kaping 65. Nanging, taksih kathah warga masyarakat ingkang dereng ngraosaken gesang ingkang mulya wonten warsa menika. Ugi taksih kathah luwih saking setunggal ewu siswa/i Indonesia ingkang mboten nglajengaken sekolah amargi kiranging biaya saha inggilipun kebutuhan pokok lan sekolah menika. Kahanan menika miturut kula amargi kiranging partisipasinipun warga masyarakat Indonesia. Pamerintah RI saged sae kinerjanipun saha lancar programipun menawi sedaya warga masyarakat nggadhah partisipasi ingkang ikhlas kagem nglaksanakaken program pembangunan menika saha maringi tanggung jawab marang pamerintah.
Para Rawuh ingkang kula kurmati, kangge ngisi kamardikan punika, kita minangka siswa/i Indonesia mangga sesarengan nggadhah rasa sosial dhumateng pepadha. Rasa sosial menika saged kita wujudaken kados:
1.      Paring kinurmatan marang guru-guru , tiyang sepuh, luwih-luwih pahlawan bangsa kita,
2.   Sami nglestarekaken budaya utawi nilai-nilai tradisi bangsa ingkang kinakar saking budaya daerah, nggih kados basa Jawi menika,
3.      Njagi kautuhaning persatuan saha kesatuan bangsa, lan sapanunggalanipun.
Menawi tiga menika minimal sampun ditindakaken kaliyan pemuda/pemudi Bangsa Indonesia, Insyaallah kamardikan bangsa saged dipun raosaken dening sedaya warga masyarakat Indonesia. Amargi sakmenika budaya globalisasi sampun kathah anjalar wonten jiwaning pemuda/pemudi Indonesia, mula budaya global ingkang negatif punika cepet sanget ngrisak moraling anak negeri. Ingkang penting sanget inggih punika kita kedah njagi persatuan kaliyan generasi muda sami wonten saindenging nuswantara saha mboten ambeda-bedakaken sedherek-sedherek kita supados Nagari Indonesia saged gemah ripah loh jinawi saha dados andakara wonten donya punika.
Sedherek-sedherek ingkang minulya, kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken. Kula ugi nyuwun agunging samudra pangaksami menawi wonten pitutur kula ingkang mboten sekeca wonten penggalihipun para rawuh sedaya. Kados parikan:
Ana temanten mangan srikaya,
Mangan kupat uga terasi,
Cekap semanten atur kawula,
Menawi sampun sanjang polisi.

      Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Semoga bermanfaat pidato nya, kalau Anda menyukai pidato ini tolong di share yah :)

Related Posts:

1 Response to "Contoh Pidato Bahasa Jawa"

Terimakasih telah membaca artikel ini. Silahkan berkomentar :)